“ TITIK WANCI “
Titik wanci
menungso ono ing palenggahaning urip,Urip kang sak becik’e urip,Urip
gemawang nang paran….parane “ AKARYO JAGAT “,Jagat sak isine kudu ngerti
pawohing pakarti,Pakarti budi luhur soko kersa ning Allah ta’allaa sing
duweni singgahsana abadi.
“ MENUNGSO “
Mulo
ugo menungso sing kasembadan…Ojo tho podho rumongso,Rumongso kang
kaninggaling kawulo,Kawulo kuwi kudu ngerti sabdyoning alam,Alam kang
katatan , sak tenanne,Sak tenanne menungso kuwi mung kawijangan
rumongso,Kabeh kuwi kudu ngerti sak tenanne marang Gusti kang akaryo
jagat,Kang duweni gede rumongso kuwi kawijangane Gusti Allah.
“ KANUGERAHAN “
Kanugerahan
urip kuwi kudu ditoto lan diwejang.Ojo ditonton , tapi diroso…diroso
opo piwulange urip sak benere.Sing koyok ngono kuwi jenengen
manunggaling kapribaden kawulo urip neng donyo.Mulo…tho mulo ojo
paninggung tapi kudu wilantah , wilujeng ing pandongan.Sing sak
bener-benere pandongan kuwi kudu marekso neng ati lan roso karo Gusti
Allah.
“ DONYO “
Kahanan
urip neng donyo kuwi wejowantahing kawulo Gusti.Kawulo Gusti kudu
duweni doyo manunggaling roso sejatining roso urip.Sejatining roso urip
kuwi doyo kanugerahaning Gusti Allah kang akaryo jagat sak isine.Kudu
piye menungso neng donyo kuwi sing ngaluyur uripe…Menungso ning donyo
kuwi kudu malenggahing roso ning urip.Kudu ngerti sabenere urip kuwi
soko kersane Allah ta’allaa…
Nuwon sewu nek enten lepatipun pangucap sing mboten enten pangelmu….mergo kulo ngerumangsani teseh ngaluyur urip.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar